SALIM 55 Tahun
 Alamat Domisili
Gempol, Pasuruan, East Java, Indonesia
 Tanggal Lahir
01 Januari 1970
 Pekerjaan
Status:
 Terdaftar
 Belum Terverifikasi
Uang Yang Terkumpul
Rp 0
Target Rp 0
Kegiatan Sehari-hari
Lokasi: Jl. Karah ngarep indomeret. Ceritane iki pas arep delok konco loro nang daerah ketintang, gak segojo lewat onok Bapak-bapak nang ngarep e indomaret dodolan dulinane arek cilik, embo iki jeneng dulinane opo. Aku lak ngarani dulinan iki etek-etek soale isok munyi heheh. Bapak iki jenenge Pak Salim, umure wes 85 taon. Pak Salim asline wong Gempol, Karang Rejo. Wes onok 5 taon an iki Pak Salim dodolan dulinan etek-etek. Dulinan etek-etek regone cuman 5000 an, murah kan rek? Kenek gawe nyenengno anak e, adik e, ponakan e, ben gak nangis ae ahaha. Nang Suroboyo Pak Salim iki merantau ijenan, bojone wes almarhum & anak e wes rabi karo wong Nganjuk. Gawe panggon istirahat opo turu Pak Salim biasane turu nang jero Pasar Karah soal e gak duwe omah nang Suroboyo. Saben dino Pak Salim jajano dagangane karo keliling, kadang muteri ketintang, nang karah, nang wiyung, sampek nang lakar santri. Penghasilane dodol dulinan etek-etek gak tau nentu kadang oleh 25ewu sampek 50ewu. Teko penghasilane dodolan di gawe kebutuhan uripe Pak Salim saben dinone. Salut karo Pak Salim basio umure wes gak enom maneh semangat gawe golek sandang pangane luar biasa & patut di tiru. Gawe dulur-dulurku, konco-koncoku, mas-masku, mbak-mbakku seng ketok, seng sering lewat nang ketintang atau nang karah ojok lali mampir yo rek gawe nuku dagangane basio gawe awak dewe gak penting tapi bagi Pak Salim sangat berarti gawe kehidupan keluargane, syukur-syukur lak onok rejeki lebih isok di sesehno gawe Pak Salim. Sodakoh karo nolong uwong lain gak kiro gawe awak dewe rugi opo maneh melarat rek & gak usah ngenteni sugih disek gawe nolong uwong karo ngelakoni apik. https://www.instagram.com/p/BTUMXztBzIz/?hl=id&taken-by=ketimbang.ngemis.surabaya
Latar Belakang
bojone wes almarhum & anak e wes rabi karo wong Nganjuk.
Kemajuan
Kebutuhan Pangan
Kebutuhan Sandang
Kebutuhan Perkakas
Kebutuhan Mendesak