TAMAN 55 Tahun
 Alamat Domisili
Jalan Manyar Sambongan, Kertajaya, Surabaya City, East Java, Indonesia
 Tanggal Lahir
01 Januari 1970
 Pekerjaan
jual kincir angin
Status:
 Terdaftar
 Belum Terverifikasi
Uang Yang Terkumpul
Rp 0
Target Rp 0
Kegiatan Sehari-hari
Lokasi: Jalan Kertajaya, Surabaya Gak segojo pas bengi sekitar jam setengah 2an lewat Jl. Kertajaya ketemu Bapak-bapak wes sepuh sek dodolan. Bapak iki jenenge Pak Taman, umure wes 78 taon. Bapak iki dodolan kincir angin nang Suroboyo ket taon 1974 termasuk wes suwi sisan. Kincir angin seng di gawe teko kertas iki regone murah kok seng cilik rego 2000, lak seng gede 5000 cocok gawe sayang anak, sayang adik, sayang ponakan. Asale bapak iki wong Sumber Pucung Bendungan, Malang cuman saiki wes gak nduwe deso mergone omahe keterak bendungan. Nang Suroboyo Bapak iki tinggal karo bojo sak anake sisan ngekos ndek daerah Manyar Sambongan, kos-kosane sak ulane 450ewu. Saben dino bapak iki dodolane nang Jl. Kertajaya, gak tau keliling kok. Bukae ket jam 7 bengi sampek jam 2an. Penghasilane dodolan saben bengi iki gak tau nentu kadang oleh 30ewu kadang 50ewu, kadang lak gak onok wong tuku yo malah gak oleh blas. Teko penghasilane dodolan iki di gawe kebutuhan uripe keluargane karo di gawe bayar kos-kosan. Salut karo Bapak iki basio umure wes tuo semangat gawe golekno nafkah keluargane patut ditiru Gawe dulur-dulurku, konco-koncoku, mas-masku, mbak-mbakku seng ketok, seng sering lewat Jl. Kertajaya ojok lali mampir yo rek gawe nuku dagangane basio menurut awak dewe gak penting tapi bagi bapak iki sangat berarti gawe kehidupan keluargane, syukur-syukur lak onok rejeki lebih isok di sesehno gawe Bapake. Sodakoh karo nolong uwong lain gak kiro gawe awak dewe rugi opo maneh melarat & gak usah ngenteni sugih disek gawe nolong uwong karo ngelakoni apik. Mugo-mugo Gusti Allah teros ngekei seger waras gawe Bapak iki, dowo umure & dilimpahno rejekine. Amin. https://www.instagram.com/p/BRfiE_zBWye/?hl=id&taken-by=ketimbang.ngemis.surabaya
Latar Belakang
tinggal karo bojo sak anake sisan ngekos
Kemajuan
Kebutuhan Pangan
Kebutuhan Sandang
Kebutuhan Perkakas
Kebutuhan Mendesak